Sabtu, 15 November 2014

Wewayangan



Wit Adhikih Woh Adhakah

            Ing negara Gilingwesi, wektu kuwi kang jumeneng nata Prabu Watugunung. Sang Prabu kagungan garwa loro cacahe, sing siji asma Dewi Sinta, sijine Dewi Landhep.Putrane ana pitulikur, yakuwi Wukir, Kurantil, Tolu, Gumbreg, Warigalit, Warigagung, Julungwangi, Sungsang, Galungan, Kuningan, Langkir, Mandhasiya, Julungpujut, Pahang, Kuruwelut, Marakeh, Tambir, Madhangkungan, Maktal, Puye, Manahil, Prangbakat, Bala, Wugu, Wayang, Kulawu, Dhukut.



Sawijining dina, Sang Prabu ngersakake mbeburu ana alas, sing kadhawuhan ndherek salah sijine garwa yakuwi Dewi Sinta. Nalika para prajurit lagi ngaso sak wise mbeburu, Sang Prabu lan garwane leyeh-leyeh ana papan sing edhum. Nalika leyeh-leyeh kuwi Sang Prabu nglolos makutha kang diagem, banjur sareyan ana pangkone kang garwa. Saeba kagete Dewi Sinta nalika pirsa yen mustakane Sang Prabu jebul belong utawa pethak amarga tatu. Dewi Sinta matur, apa sababe dewe mustakane pethak, dhawuhe Sang Prabu, nalika isih cilik biyen, amarga saka nakale, Sang Prabu dithuthuk enthong dening ibune. Mustakane gubras getih. Kegawa ati kelara-lara Sang Prabu mlayu ninggalake keng ibu.
Dewi Sinta kaget banget, amarga apa sing dimirengake kuwi critane dhewe nalika milara putrane. ”Lha yen ngono jebul aku ki digarwa anakku dhewe.”Dewi Sinta susah lan getun penggalihe, nanging ora wani medharake kahanan mau menyang garwane sing jebule uga putrane kuwi mau. Mula saka kuwi Dewi Sinta banjur golek akal supaya bisa uwal saka regemaning Sang Prabu.Sawijining dina, nalika sang garwa katon sajak susah penggalihe, Sang Prabu Watugunung alon nyedhaki.
”Nimas, baya apa ta sababe, dene wis pirang-pirang dina iki praupanmu katon aclum? Apa ana bab sing njalari cuwaning atimu? Apa ana sing kok pengini lan kowe ora wani matur menyang aku?” aris pangandikane Sang Prabu.Dewi Sinta matur alon, ”Dhuh Sang Prabu, kula kinten mboten wonten malih kekiranganipun anggen kula suwita wonten ngarsa paduka, namung sejatosipun wonten cuwanipun sekedhik.””Lha apa ta kurange kuwi Nimas, kenangapa kowe ora enggal matur. Kowe ngerti, apa wae kang kok suwun mesthi bakal tak paringake.”
”Sejatosipun, kula kepengin sanget gadhah maru widodari,” ature Dewi Sinta lirih. Sang Prabu kaget. Ora ngira yen garwane bakal duwe atur kaya ngono. Wong sing dimaru mestine lara ati, kok iki malah njaluk dimaru, tur marune kudu widodari pisan.
”Kowe kuwi guyon apa tenanan ta Nimas? Katresnanku menyang kowe ora ana pindhane, kok kowe duwe atur kaya ngono. Apa kowe lagi nodhi gedhening katresnanku?”
”Mboten Sang Prabu, kula matur saestu. Kula sampun gadhah maru yayi Landhep, nanging kula kepengin, paduka mundhut garwa malih, namung kedah widodari saking Suralaya.”

Gandheng adreng panyuwune kang garwa, Sang Prabu banjur nyaguhi. Ing dina sing wis katemtokake, Sang Prabu ngirit wadya bala munggah menyang Suralaya. Ature menyang para Dewa, yen ora dikeparengake mboyong salah sijine widodari, Suralaya bakal dirusak.Kasektene Prabu Watugunung pancen ngedab-edabi. Senadyan para Dewa ora ana sing kuwat ngadhepi. Ing kono Sang Bathara Narada banjur dhawuh menyang Bathara Wisnu, amarga mung Bathara Wisnu sing bakal saguh ngalahake amuke Watugunung.
Cekaking carita, Bathara Wisnu wis adu arep karo Prabu Watugunung. Diendhakake sarana aris tetep puguh ora gelem bali yen ora mboyong salah sijine widodari. Nanging Watugunung duwe bedhekan.
”Yen kowe bisa mbatang bedhekanku iki, aku pasrah bongkokan, kok kapak-kapakake aku manut, nanging yen ora, aku tetep ngamuk ana kene, nganti panjalukku dituruti,” sesongaran pocapane Sang Prabu.
”Oh, ya, mara enggal kandhakna apa bedhekanmu kuwi?” alus dhawuhe Bathara Wisnu.
”Wite adhikhih, wohe adhakah, kuwi apa. Lan wite adhakah wohe adhikih, kuwi ya apa?” ature Watugunung.

Nanging kanthi mesem Bathara Wisnu ngendika, ”Wit adhikih woh adhakah kuwi semangka, dene wit adhakah woh adhikih kuwi ringin.”
Adhakah bisa ditegesake gedhe, dene adhikih mono cilik. Semangka kuwi senadyan wohe gedhe, ngluwihi sirah uwong, nanging wite cilik, dene wit ringin, senadyan wite gedhe, nanging wohe cilik-cilik.
Sang Prabu Watugunung kaget, ora ngira yen Bathara Wisnu bisa mbatang bedhekane. Gandheng wis dadi pocapane, wusana Watugunung ora wani suwala, mula banjur kanthi gampang ditigas janggane. Meruhi ratune kalah, prajurite padha mlayu kocar-kacir.
Kocapa Dewi Sinta bareng krungu kabar mau, banget getun lan susahe. Maune amarga saka lingsem banjur kepengin nyingkirake Prabu Watugunung, nanging bareng Watugunung tiwas, getune ora kena kinira.Tangise Dewi Sinta sundhul tekan Suralaya, mahanani swasana ing Suralaya dadi panas ora karu-karuan, lan gawe bingunge para widadara-widodari.
Bathara Narada sing kadhawuhan mudhun banjur ndangu kenangapa tangise Dewi Sinta nganti kekejer kaya mengkono. Ature, yen Prabu Watugunung ora diuripake maneh, Sinta ora bakal meneng saka anggone nangis. Keparenging Bathara Guru, Prabu Watugunung banjur diuripake maneh, nanging jebule Watugunung ora gelem mudhun maneh menyang ngarcapada.
Dewi Sinta, Landhep dalah para putrane banjur nyuwun supaya dikeparengake sumusul menyang Suralaya, sing uga dikeparengake dening para Dewa. Nanging munggahe ora bisa bareng, mung dijupuk mbaka siji, lan mung saben pitung dina sepisan, wiwit saka Sinta, Landhep, banjur para putrane kabeh.
Kuwi mula bukane wuku sing cacah telung puluh, yakuwi Sinta, Landhep, Wukir lan sak banjure, sing pungkasan dhewe Watugunung. Petung wuku mono mung ana ing tatanan kejawen, sing mbokmenawa ing jaman saiki ora akeh sing ngerti, apa maneh mangerteni.








            Raden Kartamarma kalebu putrane Drestarastra lan Dewi Gendari. Kacihna, kalebu sedulur  Kurawa ananging Kartamarma kalah kondhang katandhingake sedulur-sedulure kayadene Prabu Duryudana, Dursasana, Durmagati lan tetunggul Kurawa liyane.Ananging, ing kulawarga Kurawa, Kartamarma iku sedulur kang paling dipercaya dening Duryudana utawa Kurupati. Kartamarma iku satriya Kurawa kang dumunung ing kasatriyan Banyutilanang.

            Watake adigang, adigung lan adiguna. Tansah ngegungake pribadine kang putra raja, nanging wedi getih. Saliyane iku uga ora tau mersudi rehing tatakrama.
Dene dedeg piyadege kalebu sembada nanging ora wiratama, patrape nguciwani lan sipate licik. Sisihane aran Dewi Wulan Sumirat lan nurunake utawa peputra Raden Purbajaya lan Raden Kunta Harjajil.Ing paprangan Bharatayuda Kartamarma uga melu metu ing palagan Tegal Kurusetra. Ananging, sawise Resi Drona utawa Durna gugur, Kartamarma ngilang ora ana sing meruhi. Dheweke nglungani paprangan Bharatayuda.

            Kartamarma ngetok maneh sawise perang Bharatayuda rampung. Nalika iku Kartamarma bebarengan kalawan Aswatama metu saka alas panggonane ndhelik nalika perang Bharatayuda.
Metu saka alas, Kartamarma bebarengan kalawan Aswatama tumuju menyang nagara Astina. Kalorone tumuju kedhaton Astina sawise krungu warta yen nagara kang sadurunge dikuwasani Kurawa Sata iku wis dikuwasani dening para Pandhawa.Kartamarma bebarengan kalawan Aswatama kanthi sesidheman nggawe trowongan tumuju sanjerone kedhaton Astina. Kridhane Kartamarma lan Aswatama iki dicritakake ing lakon Aswatama Nglandhak.

            Nalika Aswatama kasil merjaya Subadra, Pancawala, Drestajumena, Banowati lan Srikandi, Aswatama mati kena panah Pasopati kang dijejak dening sikile bayi Parikesit, putrane Abimanyu.Nalika prastawa iku kedadeyan, Kartamarma kajibah njaga njerone wewengkon kedhaton Astina. Ananging, wektu iku Kartamarma apes lan kadenangan dening Bima. Wusana Kartamarma mati karana diperjaya dening Bima.

Miturut crita pedhalangan Jawa, sukmane Kartamarma nitis dadi kewan wangwung kang senengane mangani pucuking wit klapa. Nanging ing crita liya, sukmane Kartamarma dicritakake nitis dadi manuk tekak utawa cekakak.Manuk tekak iki nalika ngoceh utawa muni, dening bebrayan Jawa ditegesi dadi tandha yen ing papan cedhake manuk iku ana maling. Dene ringkese lakon Aswatama Nglandhak yaiku, sawise perang Bharatayuda rampung, Aswatama beberangen kalawan Kartamarma, kanthi dhedhemitan kasil lumebu Karaton Astina lan kasil ndhusta Dewi Banowati, prameswarine Prabu Duryudana.

Ananging Banowati ora gelem dadi sisihane Aswatama. Aswatama kasil metu saka Karaton Astina lan tetep dumunung ing nagara Astina. Dene Banowati sabanjure palakrama kalawan Arjuna.Apa kang dumadi iku ndadekake Aswatama tansah ngigit-igit marang Arjuna. Nalika perang tandhing kalawan Arjuna, Aswatama migunakake panah Cundhamanik kang nggawe dredahe Suralaya. Wusana, panah Cundhamanik dijaluk bali dening para dewa ing Suralaya.
Sabubare iku, Aswatama sansaya ngigit-igit marang Arjuna. Nalika krungu yen Dewi Utari wis nglairake jabang bayi lanang aran Parikesit, putune Arjuna, putrane Abimanyu, Aswatama pengin merjaya bayi iku karana sabanjure Parikesit bakal sinengkakake minangka Raja Astina.Aswatama lumebu ing Karaton Astina liwat trowongan sing digawe dhewe, kabiyantu dening Kartamarma. Ing prastawa iki Aswatama kasil merjaya Drestajumena kang nalika iku turu kepati. Aswatama uga kasil merjaya Pancawala, sarta kasil uga merjaya Dewi Banowati. Dewi Srikandhi uga gugur ing prastawa iku.

Sawise kasil merjaya sawetara kulawarga Pandhawa, Aswatama mlebu ing panggonan turune bayi Parikesit kanthi cara njebol tembok kamare Parikesit. Sanalika, bayi Parikesit nangis lan sikile nyenggol pusaka panah Pasopati kang sabanjure ngenani pundhake Aswatama.
Aswatama banjur milih mlayu metu, ananging bisa kacekel dening para Pandhawa. Badane Aswatama diremuk dening Bima kanthi gada Rujakpolo.





Tidak ada komentar:

Posting Komentar