Undangan sedoyo ingkang kulo hormati.
Langkung rumiyen monggo kito
sareng-sareng ngucapaken syukur dumateng ngersanipun Allah swt. ingkang
samaringi nikmat lan hidayahipun dumateng kito, sehinggo kito sedoyo saget
kempal wonten meriki panggenan kanti mboten wonten alangan setunggalin
punopo-punopo. Mugiyo kekempalan kito niki angsal ridhanipun Allah swt. Amiin
Yaa Rabbal 'alamiin.
Semanten ugi shalawat lan salam
tetep dipun limpahaken dumateng Nabi Muhammad saw., keluarganipun, poro
sahaba-tipun lan ugi kaum muslimin sedoyo ingkang purun ngelampahi ajaran Islam
kelawan estu-estu. Mugiyo kito sedoyo niki kelbet umat beliau ingkang purun
ngelampahi ajaran Islam kelawan estu-estu lan leres.
Poro tamu undangan sedoyo
ingkang kulo hormati.
Sedoyo tiyang ingkang bade utawi sampun kawin lan nikah
niku supados bingah lan bahagiya ing dalem gesang wonten rumah tanggani-pun.
Dados sedoyo ngarepaken kebahagiyaan ing dalem keluarganipun, saking perkawinan lan nikahipun.
Lan semanten ugi kito kedah sumerap
mbok beleh saben rumah tangga ingkang bahagiya niku kedah dipun wujudaken
kelawan suasana ingkang penuh kasih sayang, rukun, lan harmonis. Kados
dawuhipun Allah swt. ingkang artosipun:
Poro tamu undangan ingkang kulo
hormati.
Kito kedah sumerap mbok beleh
masalah lan cobaan wonten rumah tangga niku mesti wonten, nopo keewetan niku
ing dalem harta benda utawi lintunipun. Saking niku wakdal ngalami kesulitan
kito kedah nyuwun dumateng Allah swt. kelawan ngelampahi shalat. Keranten
shalat ngerupekaken senjata ingkang paling mujarab ing dalem nyuwun sesuatu hal
saking Allah swt.
Dados shalat niki ngerupekaken
pengendali ing dalem rumah tangga bahagiya dipun perlukaken sanget,
keranten-keranten kelawan shalat kito saget nyuwun nopo kemawon. Pramilo saking
niku, sang temanten kakung niku dados ingkang mimpin lan pribadinipun kedah kanti estu-estu
ngelampahi shalat ing dalem rumah tangganipun lan semanten ugi sedoyo anggota
keluarganipun.
Undangan sedoyo ingkang kulo
hormati.
Mekaten ingkang saged kula aturaken
dhumateng ngarsa panjenengan sedaya.Mugia andadosaken pangertosan kangge kita
sedaya.Sedaya kalepataning atur kawula nyuwun gunging samodra pangaksami…nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar